Radya Laksana = tuntunaning agesang.
Sari-pathi lambang Radya Laksana sayekti dados tuntunaning ngagesang. Sadaya tiyang ingkang mangangge lambang Radya Laksana kedah rila legawa angetrapaken Jiwa Budaya Jawi ingkang sampun kawedhar ing seratan Budaya Jawi Kararton Surakarta nomer 1 dan nomer 2. Sari-pathi lambang Radya Laksana sejatosipun inggih Jiwa Budaya Jawi gagrak Surakarta. Sadaya sentana dalem, abdi dalem, lan sadaya tiyang ingkang remen, cocok, lan mengangge lambang Radya Laksana, wajib anglampahi gesang kanthi tuntunan Budaya Jawi Karaton Surakarta. “Tindakna watak-wantu kang tinemu ing lambang Radya Laksana”, makaten pitutur ingkang mijil saking lambang Radya Laksana.
Babon lambang tuntunaning ngagesang menika wau sejatosipun saking Murwa Wedha Senapaten. Tegesipun, warah utawi tuntunan sampun wonten, hamung dereng tinata wewangunan kacetha kados samenika. Lambang Radya Laksana dipun wiwiti ing jaman Sinuhun Pakoe Boewono X. Sinuhun ugi paring sabda budaya (motto): “Kuncara ruming bangsa dumunung luhuring budaya”.
Sumber Budaya Jawi menika kapendhet saking sifat-sifat jagad raya ingkang wonten ing (1) surya, (2) rembulan, (3) kartika, (4) mendhung, (5) angin, (6) banyu, (7) geni, tuwin (8) bumi.
Wonten malih Warahdalem Hingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakoe Boewono Kaping IX ing Surakarta lan ugi saged kangge tuntunaning agesang para satria Jawi inggih menika: “Mesem lamun denhina, sumingkir lamun hingalembana”. Awon sae binrastha, boten tepang bener luput, jumeneng satengahing jagad, watakipun tentrem. Inggih menika ingkang dipun wastani piwulang adi luhung, dadosa pamecut kridhaning darma salebiting hambangun Jiwa Budaya Sumber Karaton Surakarta, sanadyan dumugi lampahing rodha jaman ing wekdal menika, kaweruh kemajenganing petang nalar utawi pikir bebles sundhul langit, klinthong-klinthong ing angkasa, wira-wiri nyangking wiron ing ratan rembulan, boten saged hamaedahi ing humat manungsanipun, menawi piwulanmg luhur wau boten kangge gondhelan minangka gegaman utawi senjata triwikramaning penggalih jumangkanging sedya runtuting samukawis bab. (Buku rujukan: Kajian Budaya/Iman Sutardjo/UNS) ***

Tidak ada komentar:
Posting Komentar