Selasa, 16 Juni 2009


BUDAYA JAWI KARATON SURAKARTA (1)

Budaya tegesipun uwoh pangolahing budi, inggih menika uwohing pakarti lahir adhedhasar kaluhuran lan kautaman, ugi uwohing pakarti batin, nyaket dhumateng Pangeran ingkang Maha Agung.
Seserepan utawi keterangan (makna) lambang Karaton Surakarta Hadiningrat “Radya Laksana”:
Radya Laksana dumadi saking tembung radya lan laksana. Radya tegesipun negara utawi rasta, inggih menika pantes pinundhi-pundhi. Wondene laksana tegesipun lampah tumindak ingkang temen, rila kanthi terusing batos.
Gambar utawi lambang ingkang katingal ing seratan menika, inggih menika tandha cirinipun Karaton Surakarta Hadiningrat. Dados sinten ingkang mangagem utawi mangangge tandha menika saged winastan “tedhak turuning Nata utawi Abdidalem Karaton Surakarta, utawi sinten kemawon ingkang Ngedhep dhateng Karaton Surakarta”.
Lambang karaton menika awujud lonjong, makutha abrit sarta jene, nglebet lonjong, dhasaran biru, linukis lintang, rembulan, srengenge nyunaraken cahaya, jagad, ing sanginggiling kapaku. Kiwa lan tengen, kapas lan pari, bongkotipun tinangsulan pita pethak abrit.
Keteranganipun makaten:
Paku, pasemon sarana mrih tansah santosa kukuh lan bakuh kalenggahaning jagad. Inggih santosaning tekad jinurung santosaning kalbu.
Kapas lan pari, lambanging sandhang lan tedha. Inggih kabetahan gesang tata lahir. Sandhang dhawah rumiyin, karana sesambetan kaliyan kasusilan. Kados pundi menawi titah manungsa lirwa ing sandhang? Temtunipun badhe saru dinulu, growing menawi sinawang, Keplasipun dados seanti, mugi kiyat nampi saliring penandhang. Wondene pari ingkang dados lambanging tedha, menika dhawah kalih. Tegesipun ajiwa budaya Jawi, kedah susila, boten nengenaken tedha, utawi tansah subasita boten pegat tapabrata.
Pita pethak abrit, pasemon marga dumadosipun ing donya, inggih mawa pitedah tansah inget dhumateng bapa biyung. Minangka pancadan enget dhateng Gusti Hingkang Hangidini Tumitah. Beblesing makna, inget jejering kawula titah sawantah, ngrumaosi wonten ingkang hamarengaken tumitah, inggih bakuning ancas gesang sageda nyawiji Kawula lan Gusti, utawi manunggaling kawula Gusti (Sumber: Drs. Sutardjo, M.Hum/Kajian Budaya Jawa/UNS Surakarta)***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar