BUDAYA JAWI KARATON SURAKARTA (2)
Makna sinandi salebeting lambang Radya Laksana.
Makutha menika lambang ageming narendra (nata) ugi dados pasemoning budaya Jawi, gambar makutha ugi dipunwerdeni kagunan utawi kapintenan. Warni abrit lan jene menika warni kasepuhan lahir batin, sabar ing kalbu sareh ing laku. Hawatak hayu, hayom, hayem lan tentrem.
Dhasar biru enem (pethak + biru) saged nulak rubeda ingkang asipat agal lan alus. Sanepanipun angkasa (langit) menika wiyar jembar agung pangapurane.
Surya (srengenge) menika dados sumbering gesang ing jagad tumrap sadaya tumitah.
Sasangka tegesipun candra utawi rembulan, lambang pepadhang kawimbuh swasana asrep ing wanci dalu.
Sudama tegesipun lintang, sanadyan wanci peteng, lintang abyor saged asung pepadhang. Ateges saged paring daya padhang menawi pinuju nampi bebendu.
Jagad menika inggih jlegering manungsa, inggih wewakiling jagad ageng miwah alit. Inggih menika pesemoning titah manungsa ingkang wajib ngreksa manunggaling ageng alit utawi ngudi nyawiji Jejering Kawula lan Gusti.
Paku, dados pasemon amrih tansah bakuh saha kukuh kalenggahaning jagad. Inggih santosaning tekad ingkang jinurung santosaning kalbu.
Kapas lan pari; lambanging sandhang lan tedha, inggih kebetahan gesang tata lahir. Sandhang dhawah rumiyin amargi sesambetan kaliyan kasusilan. Pari ingkang dados lambanging tedha dhawah nomer kalih. Tegesipun ajiwa budaya Jawi kedah susila, boten nengenaken tedha, utawi subsita boten pegat tapa brata.
Pita abrit, dados pasemonipun marga dumadosipun ing alam donya inggih mawa pitedah tansah enget bapa biyung. Minangka pancadan enegt dhumateng Gusti ingkang Hangidini Tumitah. Blebesing makna enget jejering kawula titah sawantah ngrumaosi wonten ingkang nitahaken, mujudsaken baku ancasing gesang nyawiji Kawula lan Gustinipun. (Buku Rujukan: Kajian Budaya Jawa; Drs. Iman Sutardjo, M.Hum; UNS Surakarta) ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar